Ragam

Adat Pengucap Njaluk Sapangat

Slaman slumun slamet//Slata slutu wutuh//Setan ora doyan//Demit ora ndulit//Belis gundul ora kolu (jawokan)

Adat ngucap njaluk sapangat kelawan nyebut Kaki Buyut Nini Buyut, yaiku kabiyasaan wong zaman bengén yén apan ngliwati enggon sing dianggep sungil/kramat lan ana sing nunggonané (bangsa lelembut). Zaman sémana wong masih pada nganggep yen liwat sonder permisi, bakal diusap akiré dadi sumeng.

TELUNG puluh taun sing wis keliwat, sedawané mangsa sémana, ning désa dusun masih akéh enggon kosong. Masih amba-amba kebon kopong, masih pirang-pirang lanjaran dawaneng towang. Akéh wit-witan gedé njulang mangglung ning duwuran. Ana kang nongklang gedé wité lan duwur pang-pange nggawé nyeremaken wong sing nyawangé. Bli setitik enggon-enggon sing dianggep ngemu kramat kesaktén, sing uga akéh ditémoni ukup-ukup dupa menyan lan sesajén. Masih akéh wong jejaluk kanggo maksud ngubar nambani lelara lantaran kesambet sing tempat sungil-sungil. Wahané macem-macem, ana sing banyu umis-umis, uga ana sing njaluk lan ngandelaken mujarabé bismilah lembut.
Wong-wong sing juménéng ning nalika sémana percaya unggal tempat sing dianggepé angker, serem lan ngrengkem iku ana sémanding ki gedé lan nyi gedé sing duwé lan nunggonané.

Related Articles

Lantaran kayakinan iku, wajar kanggo manusa sing masih nduwéni warisan kapercayan animisme lan dinamismé nganggep bangsa gaib iku ana lan bisa maujud tur tumindak kayadéne mahluk biasaé sing katon, utawa mangrupa dzat nyata. Bisa dijak ngomong, bisa nyumponi penjalukan, bisa dirunding, lan uga bisa apa baé. Malah sing paling medéni, mahluk iku bisa males déndem lan males pati (?)
Mbari aja kenang lelara lantaran disapa utawa dicekel mahluk alus sing nunggoni tempat – tempat sing dirasakakene sungil, angker lan dianggep kramat, ana penangkal sing kanggo nyegah lan ngerumat prihal iku. Salah siji dalané, yaiku kudu rumasa lan nerapaken tata titi sing konon kudu nduwéni sopan santun ning lélémbut lan mahluk alus.
Pantes baé rikala zaman sémana, akéh wong mlaku déwékan tapi pas mambah ning tempat-tempat sing dianggep singid, wong mau ngomong déwék ;
“Kaki buyut, nini buyut sing tunggu kéné, isun péngén mélu liwat, aja ngganggu gawé anak putu adam….”

Tas ngucap ukara pamitan mengkonon, terus nembé wani ngliwati tempat kuwen. Uga umpamané kebelet nguyuh utawa mbuang hajat gedé sing ndadak langka sempat balik ning umah utawa ning tempate, akiré kepaksa ning enggon endi baé. Nongkrong sasrog-srogé, apa maning kebeneran ning tempat sing dianggep sungil, ora kari ngucap ;

“……. Bismillah ….. kaki bunyut lan nini buyut sing tunggu kene, aja ngganggu gawé anak putu adam, apan melu mbuang…” )

Ucapan iku diyakini minangka mojar idin lan ngupai weruh tandaé ngaturaken salam lan permisi dumateng mahluk (bangsa alus) sing diyakini ana, nunggoni ning panggonan iku.
Saking wedi disapa utawa diusap endase déning alus sing tunggu tempat-tempat iku, akiré ngucap permisi déwék apa déwék. Uga ana sing luwih ringkes maning, yaiku cukup mung “nyuara baé” utawa dehem; ehm-ehm….!

Mbuh kenang prabawané apa, kaligané baé wis ngucap lan mojar pamit kaya sing wis digambaraken ning duwur mau kelawan yakin lan mancleng, toli timbul sejerowé nyali rasa wani lan teteg. Bli nduwéni rasa wedi. Iku biasané mlaku déwékan ning wayah-wayah sing wis temtu. Kayadéné ; wayah jam rolas awan (bedug), wayah pan magrib (sendakala), apa maning wayah bengi, toli kebeneran ngliwati enggon-enggon kang dianggep sungil. Padahal lamun bli weruh lan ora ngerti enggon-enggon iku sungil, langka masalah. Biyasa baé liwat tan ngucap idin, nyuara “dehem”, apa maning matur ngomong déwék “kaki buyut nini buyut aja ngganggu gawé anak putuné adam….”
Ning jaman sekiyenwarisan adat iku sampé sepréné masi ana kang mercayani. Bagén séjén wernane, nanging macem maksud kelawan tujuwané pada baé yaiku ngénalaken lan pertanda atur ngucap punten ngupai weruh. umpamané supir – supir mobil utawa wong-wong sing lagi nganggo kendaraan, pada paham ning siji-sijiné enggon seturuteng dermaga sing kudu ngupai “tanda”.

Carané munikaken klakson “tiit-tiit”. Padahal ning tempat sing diliwati iku langka sapa-sapa. Sing ana mung witwitan gedé ning pinggir dermaga, jembatan, tanjakan, pengkolan, utawa pejaratan. Jaré bobadane wong kanda, lamun bli ngupai weruh déwéké arep ngliwati dalan utawa enggon iku, bakal ana mantake. Tapi ngandel bli kena, goroh aja, wis nglakson ning tempat-tempat sing dianggep lumayan iku, timbul pikiran tenang lan nyaman wondéné nglakoni siji andon laku (perjalanan, red) nganggo titihan (kendaraan, red). Wallahu a’lam. (NMN/Roji H)***
Bausastra (kamus) alit :
njaluk sapangat ; meminta syafaat
kelawan ; dengan
kaki buyut nini buyut ; leluhur
bengén ; dahulu
yén ; jika
apan, arepan ; akan, mau
ngliwati ; meliwati
enggon ; tempat
sungil ; angker
kramat ; keramat
mangsa sémana ; waktu, saat itu
amba-amba ; luas
kebon kopong ; kebun kosong
nunggonané ; tempatnya
pirang-pirang ; banyak
towang ; tengah sawah atau jalan yang sepi
akéh wit-witan gedé ; banyak pohonan besar
mangglung ; tinggi
nyawang(é) ; memandang(nya)
wahan(é) ; permintaan(nya)
juménéng ; tinggal
medéni ; menakutkan
nunggoni ; menempati
ukara ; kalimat
andon laku ; perjalanan
titihan ; kendaraan

Adat Karuhun Nyegah Tumekané Lelembut

UKUP – ukup, yaiku tradisi mbakar menyan ning enggon-enggon kang diyakini bisa ngusir roh alus sing jahat. Waktu lan enggoné kapan baé, selaras kelayan keperluwan. Bengén ”ukup-ukup” sing rutin, yaiku dina Jemuah wayah magrib, ning pojok umah, utawa ning pinggir lawang. Ukup-ukup uga dianakaken sejeroné acara hajatan, pengantén, sunatan, slametan, sukuran, ruwatan, malah ning wong sing lagi kepaten.

Jampi-jampi ukup-ukup ngucap mantra-mantra lan dicampur nganggo dedonga cara Islam.
ADAT sing paling krasa kentelé kelawan anutan kapercayan animisme-dinamisme, yaiku adat sing siji ki, ukup-ukup wong nyebute. Kuwayang, ritual iki bisa andadiaken panggalih tentrem lan krasa parek karo Dzat Kang Maha Welas Asih. Ukup-ukup yaiku ngobong menyan ning wadah khusus sing diarani perkuyan (prekuyan), ning dina-dina wayah tengara, ning enggon-enggon khusus, uga dadi petetan ning acara-acara sakral.
“Ukup-ukup”, minangka salah sewiji adaté wong Cerbon, ning zaman sekiyen wis arang kesawang. Bengén pancén segala rupa ritual pesti bli ketinggalan ngobong dupa menyan, tekang ambuné sing khas sumebar mana-mana. Aroma kebul menyan, bisa nangekaken angén-angén dadi kélingan maning alam kegaiban.
Ngobong menyan (rikala bengén), kaya-kayané mangrupa kegiatan rutin. Biasané dianakaken wayah manggrib unggal dina Jemuah, luwih-luwih ninggang Jemuah kliwon. Ukup-ukup kaya dianggep sewiji kewajiban. Bedug maghrib muni ndrengdéng, bareng kelawan mbak srengseng ambune kebul menyan-dupa sing jero-jero umah tepung andon mampir keserot ning cungur.
Prekuyan ditempataken ning pinggir lawang arep, wangwa (arang yang membara, red) abang mrengangah, menyan diremuk-remuk, bari diuwur-uwuraken ning géni. Lambéné nini-nini sing pancén bli kari ukup-ukup, katon komat-kamit mbuh apa kang diucapaken.
Barang ditakoni jawabe ;
“……. mbakar menyan kuh ana jampi-jampiyé, allahumma sayidina rosul kanjeng nabi Muhammad, Gusti Allah Gusti kawula…. salammun…. salamman… selamet dunya akhérat, dunya akherat selamet, neda berkah, nyuwun tobat. Lélémbut , damyang, sekabéh setan durjana aja pada ngganggu …..”
Temtu baé wangwa sing diuwur-uwuri menyan tambah mledek kebulé. Ning adepané lawang arep wis dikebuli. Gagé perkuyan digawa ning lawang tengah, perkuyan diuter-uteraken mengisor menduwur, kebul ngepul munjuk mbuyar ning jero kamer. Durung pragat. Sedurungé unggal pojok umah disambangi kelawan kebul menyan. Wis rata seisiné umah kenang ambuné menyan, nembé menyan disimpen ning pojok pinggir lawang tengah. Didelengaken sampé tekang ésuk, tekang sirepé wangwa, tinggal kari pupuséng awu.
adiDudu mung rikala dina Jemuah baé minangka dina pasaran ngobong menyan. Uga sejeroné hajatan sing ngundang utawa ditekani wong pirang-pirang, kayadéné ; sejeroné acara hajatan, slametan, kepatén, tahlilan, ngadegaken umah, ngobong bata, mapag sri, ngruwat, malahan tekang waktu arep panén lan nyuguaken sesajén ora kari ngobong menyan.
Ukup-ukup ngobong menyan, biyasané nyanding sesajén ning tébok (tampa alit, pen) tumpeng cilik lelawuhan gésék péték, kembang werna pitu, banyu buthek lan banyu bening, wincukan apu kinang bako, rokok serutu, lan bli ketinggalan jaburan werna pitu, uga jajanan senengane para jenat sing wis lawas ninggalaken alam dunya.
Dikumplitaken kelawan sandingan kendi ditutup nganggo endog ayam. Pancén krasa auranéng sakral. (NMN/Roji H)***

Bausastra (kamus) alit:
wangwa ; arang yang membara digunakan untuk pembakar kemenyan atau dupa
dianakaken ; diadakan
sejeroné ; di dalam
kepaten ; kematian
ngobong ; membakar
sirep(é) ; daya tarik(nya)
perkuyan ; tungku tempat dupa
sedurung(é) ; sebelum(nya)
ambun(é) ; bau(nya)
dina ; hari
baé ; saja
tébok ; tampa kecil
banyu buthek ; air keruh
jaburan ; kue
pancén ; memang
krasa ; terasa
auranéng ; bauranya

Nebus Weteng

Sekar tembung sapocapan//Tembang warta cecelukan//Péngéne sekar priya lananging jagat//Kembang putih ning gelungan//Ananging sekar donga puji jalma (wangsalan)

Nebus weteng, yaiku adat kanggo pasangan laki-rabi sing arep nembé duwé anak kesiji. Dilakukaken lagi umur wetengan kira-kira pitung wulan si jabang. Sing maksudé ngélingaken yén keturunan iku kersané Kang Maha Kuwasa.Ngati-ati, lantaran wetengan sing wis olih pitung wulan iku, sejeroné weteng wis ana wujud sampurnané jabang bayi.

SIRAMAN nalika dados pengantèn.*

Candraning jabang ning jero weteng ;

Endasé wesi tumpeng-bathuké séla cendani- alisé méga malang- matané surya kembar – kupingé cakra kembar – cunguré gunung Tursina – cangkemé séla matangkep – uwongé sanghyang naga langgéng – guluné sanghyang naga lenggah – pundaké sénggot sonder watangan – tangané pédang kangkang – dadané batara brama – payudarané gunung kembar – wetengé wesi kendangan – puseré puser jagat – pupuné bedil meriyem – dengkulé wesi pemaron – driji sikilé rajeg wesi ….. (panyandra)

Duwé keturunan iku minangka salah sawijining pengarep-arep unggal pasangan laki rabi. Luwih-luwih pasangan pengantén bujang-prawan sing nganyari nembé urip seuyunan sepanggonan lan sepeturonan. Konon, zaman bengén,ngandel bli ngandel anak pertama iku minangka pralambang becik utawa alae selawase jodoh wong rumahtangga. Pantes baé pasangan bujang prawan sing nembé arep duwé keturunan, kaya dadi kewajiban njalanaken ritual-ritual ngilangaken kiyas, nyegat mantak, utawa nyumponi kasirnan ujaré pemali.
Wis dadi lumrahe yén wong wadon meteng (bobotan), réka-réka laku lan polahé. Sing awit ngidam ngocor baé péngéné asem-asem, pedes-pedes, lan uga ngletuk ampo, toli kudu mengkenan mengkénén, kudu kalungan gunting, ana sesawangan sing anéh – anéh kudu éling. Ngucap “amit-amit” lan ngusap-usap wetengé sing wis katon mblending.
Baka umur bakal bocah (janin) ning jero wetengan wis ngidek pitung wulan, iku ujaré wong tuwa (kuna) kudu dianakaken upacara nebus weteng. Tebus weteng ngemu pertanda sing sapa wonge nembé arep nduwéni maujud keturunan sing anyar, kudu nebus dikit. Mbari aja nduwéni krasa getun sepemburiné (?)
Tebus weteng biasaé dianakaken kaya hajatan, ngundang tangga batur lan sedulur-sedulur, ana slametan, lan ana ramé-ramé. Nanging sejerowé acara iku, ana loro acara sing kudu dilakoni déning bakal wongtuwaé si jabang sing ning jero wetengan. Emboké jabang rupaé sing didadiaken panuju leretan adat nebus weteng iku.
Wayah awan sejerowé hajatan nebus weteng, disediakaken rujak sing isié campuran pirang-pirang woh-wohan, sing luwih dikhususaken yaiku wohéngwit kewista minangka ciri utamané. Sebab lamun durung ana campuran kewista iku dianggep rujaké durung sampurna, akiré acaraé dianggep kurang marem lan adoh saking aura metafisis ritual rujakan “tebus weteng.”
Pantesan lamun ning daerah séjén, adat semacem kuwen diarani “rujakan” utawa “mitung wulan”. Lantaran dianakaken pas umur si jabang kurang luwih pitung wulan ning jero kandungan.
Dedonga lan slametan digelar. Ning adepané lawang wis nggletak segluntung klapa. Pragat dedonga, sing nyépak klapa paling dingin yaiku baliké nyangking klapa uga. Ari woh-wohan sing apan dienggo nebus weteng yaiku klapa sing masih cengkir (dugan). Kulit klapa iku digambari wayang (contoné : wayang arjuna). Uga ditulisi ayat kursiy lan ana tulisan sing nganggo aksara carakan (ha na ca ra ka ….)* uga gambar – gambar utawa simbol-simbol si jabang séjéné. Klapa cengkir mau nglambagaken gangsaré jabang mengko yén dilairaken ning alam dunya.

)*= Dedasar saking crita wayang, ingkang ringkesané kirang langkung meketen ;

Prabu Sakil lan Garwa Dewi Purwati ngrasa rungsing dén tangisi déning putrine yaiku Dyah Sakati sing kepareng tepung jodoh kelawan Epu Hyang Hanggajali. Penjalukane disumbadani , gagé ngloyor numpak jukung anuju ning endi anane sang sinatria pupujaneng ati.
Malang bli kealang, rintang pantang mbentang, ning tengah segara, jukung (prau) kang diwelahi kelebu. Ndilalah, ana sing nulungi yaiku Hyang Anggajali kang pancén lagi juménéng anggawéni gaman ning sepinggiré segara. Wanodya setengah kapidara iku digawa mentas.
Gancangéng criaosan, Wanodya Dyah Sakati lan Hyang Anggajali tepung jodo dadi sawiji, digawa balik ning negri Najran, kumpul urip brayan catur akur lampah sewiji arah kelawan soma uga mertuwa.
Bli suwé maning, Dyah Sakati minangka wanodya sejati bobotan.. Hyang Anggajali kaya biasa arep nerusaken megawé mande gaman utawa senjata perang nyumponi pesenan-pesenan para prejurit perangtanding sing durung rampung.
“Kusumaneng ayu, sejatine si jabang paringane Gusti Kang Nduwéni Kuwasa Ning Sealam Kabéh, mbésuk lamun tumekang babar, sang jabang lair ning alam mayapada, lamun lanang dén arani Jaka Sangkala….” iku amanate Hyang Anggajali nalika sedurungé ninggalaken kulawarga arepan mangkat ning pesisir segara.
Tekang bobotan babar, jabang lair lanang. Amanate sang Ramane jabang dénturuti. Jabang diarani “Jaka Sangkala”. Bli krasa maning ngglesereng rikala kelawan taun silihgumanti. Jaka Sangkala nambah gedé lan nduwéni pengarti. Ning siji dina, sinatria enom “jaka Sangkala” idin matur pamit dateng biyung kang dén agungaken, sing maksudé angulati Ramané sing sejati anuju pesisir ning ning segara belah kidul.
Déncipta tekang ketemu raga, Jaka Sangkala dirimuk kelawan rasa nggagas keubar rasa kangén matur padu obanting rindu, Jaka Sangkala diaku putra.
Pancén tirta udan sing duwur tekae mengisor, Jaka Sangkala kesengsem péngén melu ngélmu mande gaman. Apamaning nyaakseni Ramane mande ngobong wesie cukup mung dicapit kelawan jriji jentik-jentik tangane langsung, tanpa tedéng aling-aling. Terus nyepuh cukup dilati nganggo idu, nipisaken gaman cukup diidek kelawan déngkul utawa tapak tungkake sikil, gaman dadi.
Ramane Jaka Sangkala, Hyang Anggajali pancén anduwéni ngélmu pari, -pantang guwayah lan ndéngak metehentheng bagén anduwéni pirang-pirang élmu kesakten, tambah temungkul lan nunduk ndingkul bagén pepinterane unggul -waleh kelawan putrane, déwéké nduwéni bebisa durung sepira. Jaka Sangkala kudu ngélmu ning rama guru sing linuwih élmu kesaktene yaiku Eyang Ramayadi.
Pituduh saking ramane dénlaksana, Jaka Sangkala kelawan kesakten sing ana, mblesat anuju awang-awang minangka enggon juménénge Eyang Ramayadi.
Wis tinemu apa kang déntuju, Jaka Sangkala diaku putu Eyang Ramayadi. Disumbadani wondéne niat péngén geguru mande gaman perang. Kesakten Eyang Ramayadi pancén wis dumadi. mande, cukup nyawang menduwur baé, wesi kang dén péngéni tigel. Ngobong lan nyigar wesi cukup dipandéng. Cendékéng ukara. Apa kang dén karepi mesti dadi, rupa gaman apa baé. Mbuh braja kramat utawa senjata kesaktén, pasti kebuktén.
Bagén ngrasa lan rumangsa awak semono saktié, Eyang Ramayadi pancén mendhem élmu jero, pada karo ramané Jaka Sangkala, Eyang Ramayadi nganggep déwéké masi adoh saking linuwih kesaktén élmue. Jaka Sangkala dikongkon nyambangi lan geguru ning Batara wisnu sing juménénge ana ning Himalaya. Setekane Jaka Sangkala, Batara Wisnu mbedar rumasa kelawan omongan wejangan olan pituduh ;
“…. saliramu kacung, anduwéni maksud kelawan tékad ngélmu maring awak isun, bener, élmuku luwih tinimbang élmu kang dén duwéni rama lan eyangmu. Isun mung anduwéni élmu sing bisa mabur, bisa ngilang, bisa mendhem bli katon sejerowéng bumi, lan malihrupa, apa baé bisa. Ananging élmu semono sakti lan akéhé iku akiré bli bakal kanggo, ora weruh maring sejatine siji kang dén sembah.
Sebab, akhiréng élmu yaiku kudu weruh lan ngerteni Pengeran Ingkang Maha Suci, iku sekabéhane kanggo nyegah urip tekang mbésuk aja sampé sulaya lan guwaya ning akhiré. Setuhune akéhéng plawira gagah perkasa lan digdaya langka arti apa-apa, bakal musnah lan pasti ngalami kalah, lamun ora weruh makna sampurnanéng urip. Kabéh bakal sirna, ilang raga, lan mabur sukma. Pati arané.
Dadi, awakira karepe geguru kesakten élmu, amujudaken diri dadi insan kamil, gegurua ning ulama kang bisa digugu lan ditiru ucap tumindake. Merga aja ditunda, pantang kesuwén, sonder nunggu gumantie rikala, gagé mangkata, temuana ulama, kang bisa ndadiaken awakira ngerteni pinuju siji-sijineng sesembahan urip, yaiku Dat Ingkang Maha Bisa.
Andikane Batara Wisnu dén rungu, dén pahami lan nrecep sejerowéng ati Jaka Sangkala. Raga sewiji gagé pamit ninggalaken Himalaya nuju tanah Jawa.
Kelawan jenengan Prabu Aji Saka, Jaka Sangkala nanjaki tahta juménéng sejeroning kraton, kelakon dumadi suhuning élmu. Nyekel tampuk kerajaan ning nagari Surati, nggénggem tékad sewiji yaiku langka karep rusuh lan musuhan karo sepepada wong urip ning alam dunya ….. “
Sangang wulan kurang luwih, si jabang//ugat-uget ning jero weteng//Ati rasa penasaran ditambah jantung pyar-pyaran//ngenténi mbrojoléng si jabang ning alam//dunya. Sing dadi bapané sugih seneng//campur gamarasa bakal duwé keturunan//Ana rungsing ngénteni bli kanti. Emboké//jabang ketunggon rasa kemulyan, bakal nyumponi kodrat diri bakal dadi sewiji ibu sing sejati. Landung sabaré, gagéa babar, rungsing pikir ndorong dikir ning Gusti Kang Maha Suci. Alam kadungan wis pasti. Nggrentes ati akéh sumerah diri, wongtuwa bakal dumadi.
Bubar slametan lan dedonga, wong sing metu luwih awal, langsung ndépak klapa iku. Klapa ngglundung, terus langsung dirimuk, dicangking digawa balik. Konon, wong sing ndingini lan ndepak klapa iku bakal ketekan milik. Tamtu bae klapa sing négréng ning pinggir lawang iku dadi inceran.
Sing minangka acara puncak tebus weteng yaiku ngadusi wong sing bobotané. Dipapah, nganggo tapi sing dikembénaken seduwuréng gunung kembaré, manuju marani kerombong sing wis disiapaken. Wetengan sing wis olih umur pitung wulan katon njempluk methukthuk sing kadowan.
Calon wongtuwa wadon manjing ning tempat padusan khusus sing digawé jinisé kaya wujudé memolo mesjid. Bunder lan pucuk wuwungané lancip. Lawangé siji ana ning sebelah wétan madep mengulon. Pinggir-pinggiré diwéra-wéra hiasan janur lan werna werni kertas, uga digapurani gegodongan pang-pangé weringin lan witéng tebu, toli dikribengi lawon (tapih) kanggo nutupi. Ning sejerowé krombong wis disiapaken jembangan gedé (grabah) kebek banyuwé. Pating krembyang kembang werna pitu kambang kampul arum mawangi ning seduwuring banyu.
Dituntun wongtuwa lan mertuwa wadon, emboké si jabang mau diadusi. Gebyarr… gebyur…. sing awit rambut tekang sikil, diguyur sekujur awak. Gantian, pitung cibuk wongtuwa wadoné ngadusi anaké, diterusaken mertuwaé. Gebyuurr ….
Ora ketinggalan, sedulur-seduluré pada melu ngadusi, sampé-sampé bocah sing lagi meteng mau keatisen, ndregdeg awaké, lan biru lambéné. Unggal telung guyuran, cengkir klapa sing wis ditulisi ayat Kursiy (umpamané) diglosoraken sing duwur mengisor ning awaké sing lagi nebus weteng. Sing maksudé mbari jabang gangsar yén mengko dilairaken.
Pragat diadusi, bareng kelawan metuwé calon mboké jabang saking krombong memelo. Krombong langsung dirucati, diburaki lan dibenahi piranti séjén-séjéné. Sing tas diadusi dituntun manjing umah toli salin lan didandani.
Krasa tentrem ayem sekabéh braya lan sedulur, lantaran bli suwé maning bayangan nimang jabang bakal kaleksanan. Jabang minangka perlambang iketan urip maut pagut siji rumahtangga uga penerus garis keturunan sing bli bakal pegot. (Roji/NMN)***

Bausastra (kamus) alit :

laki-rabi ; suami istri
candraning ; cahaya bulan
séla cendhani ; batu tempat istirahat
sepanggonan lan sepeturonan ; setempat dan seranjang
meteng ; hamil
dumadi ; jadi, menjadi
ngenténi mbrojoléng ; menunggu keluarnya
pegot ; putus
ndépak ; menendang
ndingini ; mendahului
manuju ; menuju
marani ; mendekati
wétan ; timur
njempluk methukthuk ; terlihat jelas
wit(éng) ; pohon(nya)
(ng)adus(i) ; (me)mandi(kan)
(ke)atis(en) ; (ke)dingin(an)
gangsar ; lancar

Back to top button