Ragam

Plesiran Basa: Macem-macemé Kayu (Kajeng)

Bahasa Cirebon

TENG tradisi Cerbon, Sunda utawi Jawa, unggal bandha dianggep anggadahi roh (ambekan) utawi kekiyatan kadosdéné makluk gesang.Milaniku unggal bandha kelebet séla (watu), wit-witan, kayu, wesi lan sanénésé nggadhi wasta (aran) selaras kelayan kedudukanipun. Contoh kajeng kanggé suhunan ingkang kedah ditaroh teng inggil griya disimbulaken kelayan “susuhunan” yaniku pilenggarahan “sunan” utawi raja.

Milaniku nalika susuhunan dipasang lan diangkat teng inggil sedéréngé kedah dislameti kelayan donga lan upacara piyambek. Malah kedah diazani, kadosdéné bade netepaken salat. Sesarengan dipasangé susuhunan kedah digubed bendéra abang putih, dirangkepi ron tebu, woh-wohan kadosdéné pisang lan batang tebu. Maksudipun susuhunan niku ngrupiyaken genah paling inggil lan kedah diajéni.

Teng perdésaan katah jinis kajeng ingkang dikeramataken.kadosdéné “kajeng perbatang” teng Desa Tuk Kecamatan Kedawung Cirebon, teng Desa Gegesik Kidul, Kecamatan Gegesik, perkakas tenun kawitan ingkang dienggé leluhur Gegesik disimpen kelayan rapi lan dibungkus lawon petak kadosdéné mayid. Kajeng tenun wau dianggep keramat lan dimedalaken nalika masyarakat désa kenging panggebug. Kajeng wau diarak keliling dusun disarengi “baréng” (gong alit) lan tahlil ngubengi désa.

Related Articles

Teng andhap niki aran lan jins kayu (kajeng) ingkang biyasa ditemoni sedinten-dinten :
apa : apa; apa-apa : kayu apa-apa
benthong : kajeng penabuh teng lebet dolanan benthik
blabak : papan
blandhong : penebang kayu
candhana : kayu cendana
cengkal : kayu penyangga
cengkalangan : kayu kanggé nggubed roda (pedati)
cucuk dhandhang : perkakas kanggé motong kayu, watu
dhayung : dayung, kayuh perahu
dhipan : genah kilem saking kajeng
dholog : kayu jati
gampar : gemparan, terumpah kayu, bakiyak
gebyog : tembok kayu
kalika : kulit kayu
katir : kayu énténg ingkang dipasang teng kiwé tengen prau supados boten oléng tidak oleng
kayon : 1 gunungan wayang, 2 kekayuwan (jinis kayu-kayuwan)
keningar : kayu manis
klika : kulit kayu
lajer : bongkot kayu
mentaos : tempuas, nama kayu
panuwun : kayu bubungan griya
pèthèk : kayu penyangga payon
prabatang : kayu ingkang rubuh
ram : cawing-cawang kayu kanggé mbendung empang
rampang : kayu mlanggrang ning pedati
rencakan : kayu bakar
samida : kayu bakar. ***

Plesiran Basa
Macem-macemé Kayu (Kajeng)
Karya NURDIN M. NOER

Related Articles

Back to top button