CirebonRaya

Plesiran Basa Cirebon “Tembung”

Kamus Bahasa Cirebon

SAWIJI basa asring langkung wicaksana, malah paling wicaksana saking tiyang-tiyang ingkang guneman wau. Kadosdéné kenajuranipun saking semangat keleresan utawi kebeneran (Richard C. Trench, Gutenberg 1851).
“Kawikanan” (ketidaktahuan) ngrupiyaken ibu saking kekaguman. Teng basa, katah tembung-tembung ingkang asalipun saking basa sanés, wonten pinten-pinten modus instruksi langkung aguna (berguna) tinimbang biyasakaken tiyang-tiyang eném kanggé ngilari etimologi utawi makna utama saking tembung-tembung ingkang piyambeké nganggé.
Allah nyukani basa kanggé sedanten manungsa, sami kadosdéné Piyambeké nyukani alesan lan alean niki ngrupiyaken rahasia uga lan mung Allah ingkang saged nyukani alesan. Nanging dinyatakaken, tembung-tembung asring dicap minangka saksi ageng moral perkawis keleresan (kebenaran, pen). Gusti Allah sampun néken ségel, kadosdéné keleresan teng basa.
Miturut para pakar basa, basa uga ngrupiyaken fosil (tilasan) sejarah. Catetan revolusi sosial ingkang ageng teng negara-negara lan bangsa, sawiji tembung, yaniku “jujur” nalika kula sedanten ngékpresikaken pikiran lan rasa kelayan murah,gampang lan gratis. Watek basa rupiné wonten riku.Teng andhap niki dijéjéraken makna tembung ingkang nggadahi makna bénten.
atur : tembung, ngatur
babo : tembung-tembung tangtangan
catur : tutur tembung
dasanama : wasta sanés; sinonim
jambor : camboran, campur; tembung majemuk
kawya : penyair, pijangga, ahli sastra
lingga : tembung dasar
mantog : nganti wates, mentok
muna-muni : guneman, suwaten, tembung-tembung
parol : tembung-tembung kanggé damel perjangjiyan
parama : ingkang utama, paling éndah; paramadiwa : suwarga;
paramakawi : ahli syair
paramaresi: begawan, pendita
paramasastra : ahli sastra
paramatatwa : kasunyatan ingkang luhur
paramarta : adil, pemurah, ampunan
paramastri: bidadari
paramastuti : ahli ibadah
paramèng basa : ahli bahasa
paramèng kawi : ahli syair
paramèsthi : dewa yang mulia
paramèswara : raja
paramèswari : permaisuri
purwa : awal;
purwaduksina : asal muasal;
purwaganda : propaganda;
purwaka : ater-ater, awal tembung;
purwakanthi : persajakan
rimbag : rupa kata
samodana : tembung-tembung semu
sananta : wasta rupa kata
sangkala : angka taun ingkang disusun teng tembung-tembung ingkang nggadahi aji candrasangkala: sangkala ingkang didasaraken teng itungan taun lan sasi
suryasangkala : angka taun ingkang didasaraken teng itungan taun srengéngé
sesanti : semboyan, tembung mutiara
sapala : sekedik, setugel tembung
satyawada : nyekel teguh omongané
sebda : sabda, tembung
sojar : kocapan
srèsèh : manis tuturé
sumbalinga : kelaksana ; saged dicepeng omongané
utur : tutur, kata, sabda
ujar : kata, sabda
una-uni : wicara, kocapan
ancahan : wancahan (singkatan)
wod : setunggal suku tembung.***

Plesiran Basa Cirebon
“Tembung” déning NURDIN M. NOER,
Ketua Lembaga Basa lan Sastra Cerbon (LBSC)

Related Articles

Back to top button