CirebonRaya

Plesiran Basa Cirebon Jinis Istilah “Basa”

BASA ngrupiyaken temonan manungsa ingkang inggil lan paling penting. Nunjukaken peradaban ingkang boten digadahi makhluk sanés. Datan basa dipastikaken adab lan budaya manungsa bakal kelelep lan pilenggahan manungsa dijejeraken kelayan sato kéwan. Saking basa lair medya ingkang disebut “komunikasi”. Wontené komunikasi punika nunjukaken yén manungsa anggadahi keadaban ingkang inggil.
Basa, sarana paling utama ingkang dienggé déning sedanten manungsa kanggé nglakukaken komunikasi teng sesame umat. Basa niki utaminé dikocapaken, sanajan saged dialihaken teng medya sanésé, kadosdéné nyerat. Yén sarana komunikasi lésan boten kasedya, ingkang mungkin dienggé basa isyarat.
Watek ingkang nonjol saking basa, yaniku pautan antawis tanda basa (linguistik) lan maknanipun sifaté sewenang-wenang. Boten wonten alesan sanés, séjéné “rembugan” antawis penutur basa Cerbon, yén “kucing” ya kedah disebut “kucing” lan basa pancén anggadahi wasta (aran) iangkang bénten (bandingaken basa Cerbon sareng Sunda,Madura, Jawa utawi basa saking mancanegara). Teng andhap niki ngrupiyaken contoh istilah-istilah basa ingkang sampun akrab teng kubengan kula sedanten.
antya-basa : basa ingkang langkung kelangkungan (keluwiyen). Contoh ukara,”Waduh, nok ayu, ayuné kaya bidadari ning suwarga
basagita : kata-kata indah
bujangga : pujangga, ahli sastra
paramèng kawi : ahli syair
bausastra : kamus
babasan : paribahasa, basa alus sepantar krama (basa Cerbon)
bagongan : jinis basa teng kubengan Keraton Yogyakarta. Teng basa Cerbon “bagongan” ditasirkaen kelayan “basa rayat” utawi padinan.
basa : bahasa
basa krama : basa alus; basa krama inggil :
basa ngoko; basa padinan
basarudita : syair pelipur lara
guru lagu : suara vokal teng akir tembung
guru wilangan : jumlah tembung
cancut taliwanda : sigra mangkat maragatnang tugas
juru basa : juru basa, penuntun basa
kakawin : karya sastra Jawa Kuno mangrupa tembang-tambang basa Kawi
krama désa : basa alus ingkang dienggé tiyang dusun (désa)
krama inggil : basa alus inggil
paramèng basa : ahli basa; paramèng kawi : ahli syair
paripaos: peribahasa
pasang ulat : basa simbul
pasang semu : penganggéyan basa simbol
kakawin : karya sastra Jawa Kuno mangrupa tembang-tambang basa Kawi
sasra : seribu; sasrabahu
bahusasra: tatabasa, seribu tangan
sasrawarsa: milenium, séwu taun
sastra : sastra, seratan
sastra cetha : ajaran luhur
sastra daksa : ahli ilmu, pakar
sastra jéndra : ajaran luhur
wanda : suku tembung, rai, badan.***

Plesiran Basa
Jinis Istilah basa
déning NURDIN M.NOER

Related Articles

Related Articles

Back to top button